Wednesday, September 20, 2017

Klinong Klinong Nang Pati - Rembang

Dayu nalikane klemprakan nang Museum Kartini, Rembang (2017)

Pancen paling males yen mangsane dolan ki malah dalane macet tur obyek wisata sing dewe parani jebul malah pol ramene. Rasane pengen nangis karo mangan arem-arem. Yo kui latar belakang nopo seprene iki aku berprinsip nek arep dolan ki golek dino dino off season. Aku karo bojoku pancen seneng sing santai-santai, sepi, dadi penak olehe menikmati holidays alias preen alias liburan.

Dino kemis esuk, aku karo keluargaku mangkat dolan. Wes suwi ra dolan, je. Jane pingin dolan wes ket sasi Juni-Juli. Tapi kok yo ono wae alasan alasan sing marai dolane kekensel. Motubaku yo ketoke rodo sehat iso dijak dolan rodo adoh. Usule Tika sih pengen dolan nang Rembang, sing plat kendaraane jare R, njuk ono Universitase Jenderal Sudirman.

Mbiyen sih aku pernah mrono ngeksplore Pati, Rembang. Lha iki kesempatan aku dadi duta wisata Jawa Tengah, memperkenalkan potensi wisata karo bojoku, karo anakku sing ijeh cilik.

Kamis, 10 Agustus 2017

Esuk sekitar jam 9 Coro ku wes langsung mlebu tol Ungaran langsung njebret bablas metu nang Gayamsari. Mergo menurut Gmaps, pintu keluar tol Muktiharjo cedak Terboyo kae gambare abang mbranang, macet banget sajake. Perjalananku yo ora selamanya lancar. Nang perkelon Genuk ndilalah kok yo dalane gek dibeton. Antrine yo lumayan. Panas..

Saklebare Genuk perjalanan wes pol lancare.. Aku njipuk dalan lingkar-lingkar wae ben cepet tekan. Lingkar Demak, njuk Kudus, yo njikuk Lingkar Kudus. Lha iki wayahe wes mlebu shalat dhuhur. Ndilalah Dayu ki yo pirang ndino kepungkur gek rodo kurang sehat. Malah muntah muntah. Iki masiyo bocahe wes ketok fit, sejatine durung patek. Ning yo kepiye, aku yo wes pesen hotel tur wes pernah ngreschedule barang je. Nek tak kensel lak yo ngisin-ngisini.

Aku banjur menggokke coroku nang salah sijining masjid sing ono nang pinggire jalan lingkar Kudus. Nang kono alhamdulillah Dayu sing sakdurunge rodo rewel wes ketok mulai sumringah. Iso playon sementara aku karo Tika gantian shalat dhuhur. Leren sedelo, coro njuk mlayu meneh arah wetan golek tempat mangan.

Golek mangan sing penak kok ketoke rodo angel sing karepe pas. Yo pas nggo aku, yo pas nggo Tika. Kadang sing tak saranke, Tika ra setuju, kadang sing dewe podo podo setuju ketoke berjenis restoran sing regane mesti larang. Yowes mampir wae nang Sultan Fried Chicken Jekulo, Kudus. Mbiyen pas dolan nang Jepara tau mangan nang Sultan ki ketoke yo lumayan cocok ilate. Sing luwih penting cocok regane.

Tujuan pertama, aku pengen marani sing jenenge Museum Patiayam. Lokasine asline museum kui ijeh melu Kudus, mbuh kok ora dijenengi Kudusayam. Hehehe. Seko dalan gedhe panggonane rodo mlebu kurang luwih sekitar 2 kilometer. Ora pati adoh. Tepate nang daerah sing jenengane Terban. Mlebu kawasan purbakala iki ono tetengere patung gajah purba jejer-jejer seko alumunium. Dayu yo sening weruh koyo ngono..
Museum iki jebul ming cilik. Pas kui sepi sisan, yo maklum dino weekday je. Nang halaman ngarep sing ombu ono patung stegodon karo giant letter sing tulisane SITUS PATIAYAM. Begitu mlebu komplekse, aku markir coro nang sak ngisore wet talok. Sing rodo eyup. Omah museume ora gede. Ming sak cumplik. Ono rong lantai, ning sing dadi area kunjungan ming lantai siji thok. Tikete sak eklase. Tak cemplungi 10 ewu wong loro.
Critane mbiyen ki daerah Gunung Muria ki dadi daratan tersendiri sing pisah karo Pulau Jawa. Suwe suwe air laut surut njuk akhir gandeng. Pas jaman kui critane ono gajah purba sing mlayu seko bencana letusan muria njuk mati nang Patiayam. Terkubur, akhire ditemukan fosile sing ijeh terbilang utuh. Gedem pol je, wong gadinge we dawane ono nek 3-4 meteran.
Nang kono yo ono patung-patung manusia purba. Lha Dayu malah wedi. Paling mergo durung mudeng. Jenenge yo ming nggo tombo gelo ben ora penasaran. Masiyo ming sedelo kunjungan iki wes lumayan mbukak wawasan, lah.

Wes mulai ketok sore, wong wes bar dhuhur, aku banjur neruske langkah ngetan meneh nang Pati. Tujuan kedua asline arep nang Goa Pancur, Kayen. Gek mbiyen lali ora mbukak Gmaps, asline ono dalan pithatan seko Jekulo tembus Sukolilo langsung Goa Pancur. Tapi kok yo ra ngerti. Ngono aku ndadak bablas sikek mlebu Kota Pati njuk njipuk jalan lingkar. Bar kui perjalanane ijeh aduh banget. Asline rodo mesakke karo Tika karo Dayu, tapi piye meneh wes kebacut janji karo koncoku mas Najib, mumpung nang Pati yo dolan sedelo nang obyek wisata sing deknen kelola.

Tekan nggone rodo rame jebule. Akeh sing dolan. Panggonane wes akeh kemajuan, dalane wes dibeton, ono camping ground, ono patung-patung, air mancur nggo nyemarakke suasana, ono gasebo gasebo. Ming pas kui banyu gua ne rodo surut mergo musim ketigo. Njuk penataan PKL e ijeh kurang sip. Kudu dibenahi. Ora suwe, aku ngenteni mas Najib karo ayunan. Bar kui karo nyruput esteh, aku ngobrol ngalor ngidul karo Mas Najib sementara Tika karo Dayu dolan dolan nguber manuk doro sing pancen diumbar nang kono.
Aku ora pati suwe dolan nang Goa Pancur, kiro kiro yo ming sakjam, karo leren. Bar kui ketoke wes mulai sore, tur Dayu yo wes mulai rewel. Ketoke awake pancen rodo durung fit. Aku njuk cepet-cepet pamit karo mas Najib nang pos pelayanan. Eh jenenge silaturahim nambah rejeki ki pancen nyoto anane. Nang kono aku digawani sak kresek jambu Kayen sing wenak kui. Jambu air rupo abang abang keijonan sing rasane seger tur legi. Asline Tika sing pingin. Rencanane golek nang daerah kono tapi jare mas Najib saiki wes mulai angel mergo musime wes entek. Yo alhamdulilllah ono nek sekitar 2 Kg jambu kui iso gawe panganan karo nang ndalan mlaku nang kutho Pati.

Perjalanan seko Kayen tekan Pati yo rodo adoh asline. Tapi berhubung dalane wes penak tur wes tau liwat yo ora kroso. Mlebu kutho, aku njuk spekulasi ngarah nang Jalan PB Sudirman. Ora adoh seko alun-alun arah ngulon, aku ngenggokke coro nang Pati Hotel. Hotel sing wes tak book pirang ndino kepengker.

Alhamdulillah masiyo kamar sing tak pilih paling murah, fasilitase wes apik. Ono bathube, ono TV ne ono AC ne. Kolam renang yo ono ning jebule tambah bayar. Hehehe..

Pati Hotel iki jebul nduwe sejarah sing apik bingit. Jaman biyen naliko jaman walondo, Hotel iki digawe karo salah sijining saudagar Tiongkok gawe leren tamu-tamu. Wektu kui dalan ngarep hotel iki yo dalan utama dalan Daendels sing ngubungke Semarang karo Suroboyo. Dadi yo rame.

Pas mongso kemerdekaan, hotel iki yo pernah dadi markas pejuang kemerdekaan. Ngasi saiki gawe mengeti peristiwa kui, dibangun monumen nang salah sijine sudut hotel. Ono tulisane Teroeskan!
Sore kui aku, bojoku karo Dayu wes kesel pol. Alhamdulillah rasane seneng weruh anakku ngguya ngguyu semangat olehe adus nang bathub. Ngasi suwi ra gelem mentas. Meski maune mrengut wae njuk weruh deknen bahagia ki wes suwargo tenan. Ayem nang ati. Bar adus, Dayu malah muntah. Wah ketoke wetenge durung aman. Sementara tak kei omben teh wae akhire.

Mbengine aku karo Tika golek mangan sing kiro kiro khas. Opo meneh yen ora Nasi Gandul? Pas kui le nggoleki panggon ngasi muter muter je mergo rung apal dalan. Akhire aku mangan nang salah sijine warung Nasi Gandul nang kawasan Pati Puri. Nang kono nek mbengi akeh bakul nasi gandul. Pilih wae sing resik tapi sing rame. Insya Allah enak.
Aku pesen nasi kikil, Tika pesen nasi telor. Dayu ndilalah wes turu. Ketoke pancen kesel tenan awake. Dadi pas kui aku karo Tika le mangan gantian, gantian karo nggendong Dayu. Nasi Gandul iki cen rasane pas tenan. Rodo legi, seger, tur porsine pas. Konco mangane tempe garet sing masiyo kandel tapi rasane kriuk.. Wenaaak.. Mangan wong loro entek 29 ewu. Yo rego pantes menurutku.

Berhubung Dayu wes merem, aku njuk langsung bali wae nang Hotel. Aku karo Tika yo rasane wes pengen kelon, je.

**
Jumat, 11 Agustus 2017

Sugeng enjang Kutho Pati. Esuk iki Dayu wes sumringah ngajak jalan-jalan. Pertama tak ajak dolan nang Kolam Renang, tapi ketoke rodo mesakke mengko yen nyemplung samarku malah ora mari-mari awake. Yowes tak ajak dolan nang monumen perjuangan. Eh jenenge bocah cilik yo ono ono wae. Pendak weruh ondho munggah geger njaluk munggah medun. Yo tak turuti wae mumpung bocahe gek semangat.

Bar kui, karo mlaku mlaku esuk, Dayu tak ajak mlaku nang sepanjang dalan PB Sudirman. Sak lebare hotel ono sekolah SMP, bar kui ono kompleks Bakorwil sing bangunane lawas banget. Ono Gerejo barang sing bentuke yo kolonial banget. Yen ora karo Dayu paling aku yo wes motret-motret. Lha iki ora iso sempet mergo Dayu begitu ucul seko tangan karepe arep nyabrang numpak becak je. Padahal dalane ramai sekitar jam setengah pitu esuk.

Tekan pertelon Pati Puri, Dayu tertarik karo air mancur sing ono nang tengah ndalan. Yowes tak turuti, dadi pas kui, bunderan air mancur sing rame kui tak parani. Aku ro anakku nang kono ndelok air mancur sementara uwong uwong sing lewat menatap dengan tatapan heran. Yoben wong ra kenal. Hahaha
Air mancur sing tak critakke. Gambar seko : skyscrapercity
Mlaku-mlaku esuk tak cukupke sedelo wae mergo sedelo engkas aku ndang arep dolan meneh nang Rembang. Bar kui kiro kiro Dayu wes marem, langsung tak jak balik nang hotel njuk adus.
Menu sarapan nang hotel iki biyasa wae. Prasmanan pecel sing rasane biasa. Dayu yo alhamdulillah gelem didulang nganggo ndhog asin. Lumayan, wes ket mau bengi bocae ora mangan, je.

Lebar mangan, aku njuk packing sedelo langsung cus mangkat nang Rembang. Perjalanan esuk iki alhamdulillah lancar jaya. Dayu yo wes sumringah. Wes mulai cerewet nang kursi mburi. Alhamdulillah. Tekan Rembang sing kuthone cilik, wes rodo awan sekitar jam 10. Tujuan pertama piknik nang Museum Kamar Pengabdian RA Kartini. Aku ra patek lali panggonane. Nang kono, sing seneng malah Tika, mbuh kok ndengaren ketok interest banget karo koleksi koleksi musiume. Aku we biasa wae. Sing marai geger malah Dayu, karepe ndelok Youtube nang HP. Hadehhh..
Pas kui berhubung ijeh bulan kemerdekaan, mlebu museum gratis. Yo alhamdulillah rejeki raiso ditolak. Hehehe. Sing menarik yoiku ruang toilete RA Kartini. Toilete ono bathube, nggone jembar tur ono showere. Gawean jaman londo mbiyen. Dadi kebayang jamane enom RA Kartini adus. Apik tur klasik..
Nang salah sijine sudut museum ono patung jaran karo andhong sing model kereta. Dayu geger njaluk ndelok jaran. “Kuda.. kuda” jarene.. Mbasan tak cedakke, deknen geger karepe arep numpak kretane. Padahal suasanane rodo mistis, je ono kembange barang. Hyuh keder aku ndredheg. Meh tak unggahke kok aku wedi, meh ra tak turuti bocahe nangis.. Ah yo wes ndilampu nangis wae..
Kreto jaran sing tak critakke. Medeni pora?
**
Aku mlebu Hotel Antika sekitar jam 11 awan. Kamar sing tak book gek di resiki. Karo ngenteni nang lobbi, Dayu dolanan patung patungan bebek sing dipajang nang sebelahe resepsionis. Kiro kira jam setengah rolas, akhire dewe oleh check in gasik. Mlebu kamar ngurepke AC, ngurepke TV njuk aku langsung pamit arep jumatan.
Ora gampang golek masjid nang Rembang ki. Takok resepsionise malah ditunjukke masjid agung alun-alun. Yo kadohan.. Akhire aku muter muter ora karuan saperlu golek masjid. Bingung, akhire aku weruh uwong mlaku nyelempit nang gang ketok arep mangkat jumatan. Nang kono yo ono ruko anyar sing durung bukak. Tak parkir wae coro ku nang kono banjur takok uwong arah nang masjid. Jare aku iseh kudu mlaku ono nek sekitar 500 meter nyelempit gang ngasi tekan masjid mburi pasar kota Rembang. Owalaah..

Pasar Kota Rembang iki jian penataane ijeh amburadul. Los los pedagang e ijeh (maaf) kumuh. Njuk uwong uwong ijeh podo ngguwak sampah sembarangan. Dadi ketok semrawut.

Bubar jumatan aku golek jajanan sedelo nang salah sijine mini market njuk balik nang Hotel. Kesel banget rasane pengen leren. 

Bar kui rasane ngelih mergo durung madang. Aku karo Tika sepakat golek makan siang manut rumah makan sing rekomended nang Gmaps. Tapi ndilalah kok yo tutup. Akhire mlaku mlaku wae karo muter muter kota Rembang. Saklebare pasar Rembang, ono rumah makan prasmanan sing ketok rekomended. Di delok ketoke ora larang. Aku karo Tika mangan lawuh standar bangsane endhog, kikil, mie, karo telur dadar kanggo Dayu. Eh enteke lumayan larang. 45 ewu. Padahal kui durung karo ngombe. Jiangkrek.. Yowes rapopo. Tak review elek nang Gmaps. Hehehe..

Bubar mangan, wes mangsane kelon, eh leren. Yowes mbalik nang hotel, alhamdulillah Dayu yo kesel dadi dewe iso turu bareng karo ngadem ngasi sore. Sore jam setengah papatan, podo tak gugah ben iso tak ajak dolan nang Pantai Karangjahe.
Pantai Karang Jahe, naliko sepi. (rembang.info)
Sengojo aku mangkat sore karepe ben ora panas. Yo rodo adoh seko kota Rembang. Tekan kono langsung cemplungan wae. Eh angine gede banget. Dayu nyempluung sedelo sekitar seprapat jam langsung ndrodog kademen. Wah mesakke tenan. Akhire langsung tak anduki tak blonyohi lengo telon njuk dolanan nang pasiran wae. Sementara Tika karo aku gentenan bilas nang panggonan sing wes kasediaake.

Sekitar jam setengah enem sore, dewe banjur balik maneh nang Kutho Rembang. Dayu tak dusi nganggo banyu anget. Bar adus, shalat wes merdeka..

Mbengi iki pengen mlaku mlaku sedelo raketang ming nang alun-alun golek mangan. Tika pingine mangan nasi uduk. Yowes tak turuti. Nek Dayu pingin numpak odong-odong. Suwiii tenan bocahe ora bosen bosen. Padahal wes mbengi mase wes meh kukut kok ra gelem kon uwis. Hahaha..

Bar kui, Dayu njaluk dolanan kitiran sing ono lampu LED e rego sepuluh ewu. Dinggo dolanan sedelo njuk ketoke wes rodo mbengi, akhire balik nang hotel.
Suasana hotel naliko mbengi. Apik (fokusrembang)
**
Sabtu, 12 Agustus 2017 
Alhamdulillah Dayu wes ketok sehat. Esuk iki dewe langsung packing-packing wae ben ora kawanen le arep bali nang Ungaran. Sarapane nang hotel model prasmanan menune enak, ono semur bandeng, tempe, karo ono jus buah. Pilihane akeh, lah.. Dayu tak dulang yo ndemenakke bocahe.. Doyan mangan marakke wong tuo rasane marem.
Lobbi hotel antika
Jam setengah wolu esuk Coroku wes siap tancap gas balik ngulon nang Ungaran. Sepanjang dalan seko Pati Dayu turu wae. Yo ora popo malahane.. Perjalanan bali alhamdulillah lancar pol. Mampir tuku blewah nang Demak kanggo oleh oleh uwong nang kantor.

Jam 1 awan alhamdulillah dewe wes tekan Ungaran kanthi selamet...

Ra kroso jebul entek akeh bos...

Sampai jumpa jalan jalan selanjutnyaaah nek wes duwe duit meneh

Read More..
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...